Minggu, 26 Juli 2009

Bima akutha wesi
• Pak Yahna niku saged dados petinggi kaping pindho wonten ing desa Tegalrejo amargi piyambake pinter lan apik kaleh wong cilik.
Abug-abug lambe
• Budirman iku omongane ora iso di percaya kayak dek wingi ndekne ngomong nek Persipa Pati iku mlebu Liga Super Indonesia padahal Persipa Pati iku lagek neng devisi loro.
Asu marani gepuk
• Narki ndhek wingi sedho amarga ndhekne njarak menek tower Telkom ora nganggo tali keselametan sing ana ning tower mau.
Criwis cawis
• Mbakku iku nek diutus ibuku kakean alasan naming ndhekne gelem nglakoni apa sing di utus ibu.
Bung pring petung
• Kancaku ndhek kelas 4 pas bar disunat awake dai gedhe padahal sak durunge disunat awake ndhekne iseh cilik.
Anak polah bapa kepradah
• Pak Nanang iku wong kang kere padahal ndhek mbiyen ndhekne kaya pak nanang kere amarga anake nakal gene anake nyolongi dhuwite kanggo tuku narkoba.
Diwenehi ati ngrogoh rempela
• Bocah iku gene njaluk jajan nek di wenehi sitik ndhekne malah ngamauk lan njaluk sing akih.
Emprit abutut bedhug
• Ndhek wingi ana bocah sing mateni kancane dewe amarga ara disilihi bal basket .
Endhas gundul dikepeti
• Arjuna anake pak danang arjuna iku wis diwenehi pekerjaan sing enak lan bayarane gedhe ijek diwenehi tanah kanggo mbangon omah kaleh bapake .
Gawe luwangan ,ngurugi luwangan
• Bu santi iki mau ditageh karo wong sing ndhuwe kontrakan tapi bu santi ora nduwe duwit ndekne langsung utang karo dulure kanggo mbayar kontrakan.
Gumembrang ora adang
• Pak tubi dadi edan amarga ndhek wingi judi enthek-enthekan kaya kaleh pak supri ning lapangan.
Jaran krubuhan empyak
• Pak tubi mlebu penjara amrga maling tapi ndhekne wis kapok ora nglakoni meneh buktine ndhekne tobat.
Kacang mangsa ninggala lanjaran
• Tedi iku pinter ning sekolahan lan sopan karo wong liya kelakuane tedi iku niru bapake . Bapake pada kayak iku.
Kakehan gludhug kurang udan
• Petinggi ning desaku jarene ameh mbangun lapangan bal-balan ning desaku nganti sakiki ora ono tanda-tanda pembangunan lapangan bal-balan ning desaku.
Katon cempaka sewakul
• Yasmin iku bocahe pinter, ganteng, lan becik kelakuane mulakno akeh sing nyenengi.
Kaya banyu karo lengo
• Caca lan dulure iku gene tukaran ning omah biasane tukaran ngrebutno pakanan utawa dolanan.
Krokot ing galeng
• Pak tasmi iku wonge sing wis kere tapi ndhekne ijek nduwe utang akeh.
Lanang kemangi
• Ndhek malam minggu kancaku pada jalan-jalan pas nglewati ngarep kuburan jati malh mlayu padahal ngarep kuburan iku padang lan ana akeh wong liwat.
Ngalem legining gula
• Wawan pas jagong gene nyebut kaluwihane mamat ana sing isa nyekel ulo, lewat tengah kuburan dewekan.
Timun mungsuh duren
• Iki mau darmasi tukaran karo turi darmasi kalah karo turi amarga darmasi awake cilik lan turi awake gedhe.